Malaikat Kuburan


Sodrun karo Jon Koplak ki bocah paling nakal sak deso.wong 2 kuwi gaweane mung maling wae..opo wae barang-e warga kerep dimalingbocah kuwi,. 

Sakwijining dino Sodrun karo Jon Koplak beraksi awan-awan nyolong jeruk neng kebon.. Karang wez profesional, acara kuwi sukses tenan, oleh jeruk setengah karung.

Wes rampung olihe nyolong,wong 2 kuwi mlayu banter selak konangan warga, neng arah kuburan..
Tekan kuburan, pas arep mlebu GERBANG KUBURAN,ndilalah sodrun kesandung JERUK-e tibo ngglundung 2 iji.. Tapi ditinggal wae perlune arak cepet cepet ngumpet neng kijing..

Kiro2 wis aman, sodrun karo jon koplak mulai bagi hasil..
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji.."
ngono terus ngasi ora sadar ono wong mabuk jenenge Sardot,lewat ngarep kuburan,banjur mandeg karo gliyengan,amargo krungu suoro aneh seko njero kuburan..
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."
Kaget campur mumet,sardot lungo ngundang kyai cedhak kono lan ngrungokke tenanan suara mau..
"Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."
Pak kyai karo sardot nglindik neng GERBANG KUBURAN ..
sardot banjur ngomong karo pak kyai "nopo niku suoro iblis kalih malaikat lagi itung2an nyowo menungso pak kyai.?
"mbuh aku dewe ora begitu paham" jawabe pak kyai
ora suwe ono siji suoro seko njero kuburan..
"iki wes rampung kabeh ..saiki sing cacahe 2(loro) neng GERBANG KUBURAN kae arak dijupuk sopo?kowe opo aku??"

"WAAAAAAAA!!"
(Saknaliko Sardot karo Pak Kyai mlumpat mlayu keponthal-ponthal..)­

0 komentar:

Posting Komentar